Senin, 26 November 2012


PUNAKAWAN
Gonjang-ganjing di Padhepokan Klampis Ireng, Ki Lurah Badranaya (Semar) digugat oleh ketiga putranya yaitu (1) Gareng, (2) Petruk, dan (3) Bagong tentang pakem keamanan yang berlaku di Negara Idraprasta (Amarta).

Gareng:Oala… momo dadi  tukang “jogo kemit” sepisan wae kok ora jelas nasibku. 

Semar:Eh..eh…, piye Reng? Balenana anggonmu ngomong, ramamu iki kupinge wis rada budheg! Dumduman dhuwit? 

Petruk:Wis… wis…, romo iki piye, jogo kemit kok dadi dumduman dhuwit. 

Bagong:Dasaaar…, romo lagi mendem dhuwit! 

Gareng:Bingungku iki ngene mo…, bab keamanan neng tlatah Indraprasta kuwi lak yoo…, ono gandeng-cenenge karo “pakem” sing wis ono. Aku nate disekolahake menyang Markas Komando Brimob Watukosek. Malah aku oleh “wing penembak jitu”. Saiki kabeh mau ora ono gunane. Aku (Gareng), Petruk lan Bagong bakal lumengser, “madhep pandhito ratu”. 

Petruk:Oalaa… Kang Gareng omongmu kaya maharesi (mahaguru/profesor) kang waskitha/kang pinunjul ilmune. Lumengser “madhep pandhito ratu” kuwi ateges ratu utowo rojo kang “wis ora hamengku praja”  lumengser dadi pandhito (kyai). Lha awake dhewe iki sapa? 

Bagong:Pancen Kang Gareng kuwi “kemlinthi”. 

Semar:Eh…eh, aku iki wong bodho, ora tau mangan sekolahan, kok malah ditakoni  sebab-sebab matine Paikem. Sak weruhku Paikem kuwi wis mulih menyang “kasedan jati” nggawa tatu kang “arang kranjang”. 

Gareng:Aduh biyung! Pakem kok dadi Paikem. Ngomong “sora” marang wong tuwa kuwi ora becik, mundak diarani anak kang murangtata. Becike piye? 

Bagong:Ngene kang Gareng, aku nduweni pratikel, piye yen romo Semar ditanggapake “Inul Daratista”, men biso beksan utawa “njoged ngebor”. Mengko yen wis kemringet sarirane bakal gumregah. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar